Jumat, 27 Maret 2015

Sesorah Pepisahan (Pidato Bahasa Jawa)


Bingung gara-gara ada tugas suruh buat sesorah (pidato basa jawa)? biasanya menjelang ujian praktek tingkat SD, SMP, SMA banyak orang yang minta dibuatin naskah sesorah, berdasar pengalaman dulu sewaktu ujian praktek SMP sih gitu suruh buat naskah sesorah pepisahan. Nih solusinya buat kalian yang masih belum ngerti dan bingung mau buat sesorah tapi ngga tau bahasanya. Suruh buat pidato pake bahasa indonesia abis itu dihafalin ga bisa-bisa? apalagi ini yang pake bahasa jawa? Ini teks naskah pidato bahasa jawa ku waktu ujian praktek SMP dulu. hehe... Ini buat kalian semua, contoh teks naskah sesorah (pidato basa jawa) wakil kelas IX. tenang bahasanya gampang diapalin kok, semoga bermanfaat :))



SESORAH PEPISAHAN SMP NEGERI 8 PURWOKERTO


Assalamu ‘Alaikum Wr. Wb
            Bapak Suparjo M.Pd. Minangka pangarsaning SMP Negeri 8 Purwokerto ingkang pantes sinudarsana, tamu undhangan, bapak ibu guru saha karyawan ingkang kinurmatan, adhik-adhik kelas 7, 8 lan kanca-kanca kelas 9 ingkang kula tresnani.
            Puji syukur konjuk ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, dene ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat, saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinayungan karaharjan.
            Kula minangka sesulih saking siswa kelas 9, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng para dwija awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sakanca, saengga saged ngrampungaken kuwajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh ing pawiyatan menika. Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan bapak ibu guru pikantuk piwales saking Gusti Ingkang Maha Agung saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan katemtreman, saengga saged anggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken. Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring, ndamel bapak ibu duka lan kuciwa awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih dhumateng bapak lan ibu para dwija SMP Negeri 8 Purwokerto.    
            Dhumateng adhik-adhik kelas 7 lan 8 ingkang satuhu kula tresnani, mugi-mugi tansah sregep anggenipun ngangsu kawruh ing pawiyatan menika. Dadosa siswa ingkang tansah setya tuhu dhateng dawuhipun guru, tansah ngurmati lan ngajeni dhateng tiyang sepuh.
            Bapak ibu guru, karyawan saha adhik-adhik ingkang kula tresnani, kula sakanca ngraosaken awrat sanget badhe nilaraken panjenengan sedya ing pawiyatan menika, amargi raos sih katresnan saking panjengan sami sampun rumasuk wonten ing manah kula sakanca. Nanging kula sakanca mangertos bilih menawi wonten pepanggihan temtu kemawon wonten pepisahan. Mila wekdal punika kula badhe nyuwun pamit lan nyuwun donga pangestu, mugi-mugi sesampunipun medal saking pawiyatan menika. Kula sakanca saged nglajengaken anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil.
Dhumateng bapak ibu lan adhik-adhik sedaya sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti.
Wusana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih. Kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wassalamu ‘Alaikum Wr. Wb

Salsa Adi Aldila
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar